ASAL USUL DESA SOJOMERTO

Ki Ageng Purbonegoro yaiku tokoh kang asale saka Mataram. Dheweke dadi salah sijine pimpinan perang kang nyerbu VOC ana ing Jakarta bebarengan karo Tumenggung Mandarureja, Tumenggung Bahurekso, lan liyane. Kang dadi Senopati yaiku Tumenggung Mandurareja. Sultan Mataram menehi sabda. ”Tumenggung Mandurareja, kowe tak angkat dadi senopati kang arep nyerang wong Walanda ana ing Jakarta karo bupati-bupati liyane lan gawanen mriamku kuwi.” ”Inggih kanjeng Sultan.” Temanggung Mandurareja nikah karo putrine Tumenggung Wargapati saka Mataram. Nalika dheweke ora entuk bali menyang Mataram, dheweke karo anak lan ibune lunga ana ing Kaliwungu. Lan Tumenggung seda ana ing kana. Ki Ageng Purbonegoro bebarengan Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Ageng Kemangi nemtukake strategi ing Paseban Kemangi. Tumenggung Rajekwesi nggawe pager ana ing Paseban Kemangi kana kanggo njaga Paseban Kemangi. Rajekwesi kuwi digawe kanthi goib nganggo aji-aji supaya wong Walanda kang liwat kana bingung lan kesasar. Tumenggung Rajekwesi karo Kyai Akrobudin lan para santri nyiapke bahan pangan kanggo bekal perang, uga nggawe sawah kang amba. Lan papan panggonan kang diliwati wong loro kuwi diarani kanthi jeneng desa Kaliyoso. Sasuwine Ki Ageng Purbonegoro dadi pimpinan perang dipeloni putra-putrane yaiku Pangeran Penggrayang, Pangeran Majenun, Pangeran Harsa Wijaya, Pangeran Sastra Wacono, Pangeran Sidotoyo utawa Sudotoyo lan siji kang jenenge durung dingertini. Nalika bali saka Jakarta, Ki Ageng Purbonegoro lan pimpinan perang liyane ora entuk bali menyang Mataram, amarga kalah nglawan wong Walanda ing Batavia. Ki Ageng lan pimpinan perang liyane padha ninggalake Mataram. ”Piye yen awake dhewe nggolek panggonan kanggo urip?” Pitakone Ki Ageng. ”Iya, luwih becik yen dhewe pisah wae!” Jawab salah sijine pimpinan perang. Banjur Ki Ageng Purbonegoro lunga ana ing alas sisih kidul lan nggawe omah ana ing kana. Saiki uga dadi desa kang makmur amarga diubengi sawah kang amba lan subur. Lan pimpinan perang liyane padha mencar dhewe-dhewe. Tumenggung Rajekwesi manggon ing daerah kang biyen dadi panggonan dheweke nemtukake strategi, yaiku ana ing Kemangi. Ki Ageng Purbonegoro jeneng asline yaiku Pangeran Purwo Purbonegoro utawa Purbonegoro. Nanging jeneng kuwi dipendem jero amarga dheweke tau kalah nglawan wong Walanda ana ing Batavia. Dheweke urip dadi rakyat biasa lan wis ora nggunakake seragam kinurmatan. Nanging apa kang dadi pesthine pancen ora bisa diilangi lan sing wis nempel ing awake ora bisa ilang mangkana wae apa maneh ditutup-tutupi. Jeneng kang wis dipendem jero tetep wae kasuwur ana ing rakyat sakiwa tengene. Raden Ayu Kanestren uga melu urip ana ing alas kana karo putra-putrane Ki Ageng. Sawijining dina dheweke ketemu karo kancane-kancane sing biyen tau mimpin perang ana ing Batavia. Kapisan, dheweke ketemu karo Pangeran Sambong. Wong-wongan kuwi kasuwur saka desa Sambungsari, dheweke uga seneng lelana karo numpak Jaran lan nganggo jubah ijo. Lan ketemune wong loro iki bisa diunekake takdir. Nanging, Tumenggung Bahurekso gugur ana ing peperangan. Banjur Ki Ageng Purbonegoro ketemu karo Raden Burhan. Raden Burhan asale saka Mataram, dheweke duwe panggonan ana ing desa Gemuh Blanten. Ketemune karo kanca-kancane iku wes dadi pesthine utawa takdir. Pungkasane, Pangeran Purbonegoro kepethuk karo sedulur-sedulure kang urip ing daerah pantai kayata Tumenggung Kerti Wongso utawa Mbah Lasidin wong kang urip ana ing Karangmalang. Ki Ageng uga ketemu Raden Bagus Kumojo, Pangeran Sandi lan liyane. Saka prastawa kuwi, panggonan Pangeran Purbonegoro uga diarani kanthi jeneng Sonjomerto lan saiki dadi Sojomerto. Banjur Ki Ageng Purbonegoro saiki kasuwur kanthi jeneng Ki Ageng Sojomerto utawa Pangeran Sojomerto. Saka putra-putrane Ki Ageng Sojomerto, ana salah siji anake sing paling kasuwur lan diurmati yaiku Ki Sidotoyo utawa Sudotoyo. Saka keraton Mataram jeneng asline Ki Sidotoyo yaiku Sosrowindu. Ki Sidotoyo ora mung diurmati karo manungsa, nanging uga diurmati lelembut. Amarga dheweke duweni wateg kang tegas. Pancen wategke beda karo wateg wong tuwane yaiku Ki Ageng Sojomerto. Miturut sesepuh ing desa Sojomerto awake dhewe bisa weruh Pangeran Sojomero, nanging awake dhewe kudu duweni kaluwihan. ”Awake dhewe bisa weruh Ki Agang Sojomerto, nanging kudu bisa ngrogoh sukmo utawa duweni indra keenam.” Kandhanae sesepuh ing kana. ”Ki Ageng kuwi senenge nganggo sarung cepoko putih, lan kadhang-kadhang nganggo blangkon.” Kandhane sateruse. Ki Ageng Sojomerto di sarekake ing pasarean umum desa Sojomerto, awor karo ibu lan putra-putrane kajaba pangeran Sidotoyo kang di sarekake ing tengah alas sojomerto. Ing sajaba pasarean ana sareane mbah Dugdeng kang dadi pengawale ki Ageng Sojomerto. Wateg kerase Pangeran Sidotoyo mung ditujukake kanggo nglawan wong-wong kang duweni tumindhak sing ala utawa kurang ngurmati. Mula saka kuwi, dheweke njaluk di sarekake pisah karo kaluargane. Mesti wong-wong kang mangan ing dhuwur sareane biasane langsung diilikake. Kandhane para sesepuh, Ki Ageng Sojomerto seda dina Rebo Pon tanggal 10 Syuro. Mulane ing tanggal kuwi mesthi dianakake sedekah bumi utawa khaul. Miturut Pak Sumali sesepuh ing kana panggonan kang biasane digunakake kanggo pesanggrahan Ki Ageng Sojomerto ora mung ana ing Kendal wae, nanging uga ana ing panggonan liyane. ”Ki Ageng Sojomerto ora mung ning Kendal, nanging uga duweni pesanggrahan ana ing daerah liyane yaiku ana ing Muneng Candiroto Temanggung.”

Facebook Comments

Jadi yang Pertama Berkomentar

Tinggalkan Balasan

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.